Pages


Kamis, 01 Desember 2011

Cerita Lucu Bahasa Jawa - Sing Paling Kuat




PALING KUWAT

     Ska wijining dino Mas Agung dolan ning warunge Gogon Joss.Sinambi pesen kopi susu anget sak gelas, karo ngomong - ngomong crito ngalor ngidul sinambi chattingan facebook nganggo Laptope Gogon Joss.Bosen Chattingan, ntek - entek'ane Mas Agung nggawe ukoro bethek'an....


Mas Agung  : wayang sak kothak kae sing paling kuat sopo, Lek Gon... hayo ngerti opo ora?
Gogon Joss : Yo Werkudoro to yo!
Mas Agung : Ahh, Salah....
Gogon Joss : Buto sing gedhe dewe!
Mas Agung : salah yow...
Gogon Joss : sing paling kuat yo dhalange nek ngono!
Mas Agung : Ngawur ae, wayang kok malah tekan dhalang barang ki lho...
Gogon Joss : Opo yoo....ngg...katog!
Mas Agung : Sing paling kuat wayang sak kothak kuwi , yo sing ning ngisor dewe...!!!
Gogon Joss : Lho rek iso ki piye, kepriye nalare?
Mas Agung : Kok sih rung mudheng to, Lek Gon!lha wong dewek'e kuwi nyonggo wayang pirang - pirang ngono lho....!
Gogon Joss : Oo alaaahh...iyo yow....!!!
Mas Agung : Ha...ha..ha...!!!


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

VISITORS

free counters

Followers